Tuesday, December 23, 2008

Mytologi Aksara Jawa dan Kajian Sejarah

Aksara Jawa

A. Purwaka

Sapunika masyarakat ingkang nyinau basa jawa boten kathah kados zaman rumiyin. Para kaneman langkung remen kaliyan budaya asing tinimbang budaya daerah piyambak. Kasunyatan punika sampun dados rahasia umum dhateng masyarakat jawa, awit para masyarakat jawa punika kados sampun ilang jawannipun. Sejarah ingkang nyariosaken bab kejawen ugi sampun jarang ingkang nyinau. Salah satunggaling inggih punika, sejarah seratan basa jawi ingkang mlebet ing tlatah jawa. Aksara awa nggadhahi etimologi lan sejarah asal asul aksara jawa ingkang ndadosaken tiyang Jawa nggadhahi kabudayan ingkang sampun maneka ragam jinisipun dados tambah maneka. Nanging jarang ingkang mangertosi sejarahipun, sahingga numbuhaken rasa ingkang boten remen kaliyan bab ingkang wonten hubunganipun kaliyan kejawen. Awit saking alesan ing nginggil, penulis ngadhahi pengangen-angen bilih wonten penjabaran aksara jawi para masyarakat jawa ngadhahi rasa remen kaliyan budaya jawa. Sahingga budaya jawa taksih wonten ingkang ngatosaken supaya boten ical saking tlatah jawa.

Ingkang badhe dipun rembag

Kados pundi Etimologi lan legendha asal usulipun aksara Jawa?

Kados pundi Sejarah asal usulipun aksara Jawa?


Tujuan

Ngandharaken babagan Etimologi lan legendha asal usulipun aksara Jawa.

Ngandharaken babagan Sejarah asal usulipun aksara Jawa

Wosing rembag

1. Etimologi lan legendha asal usulipun aksara Jawa

Nami Aksara Hanacaraka dipunpendhet saking urutaning gangsal aksara wiwitan ingkang ungelipun "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegenapunika cacahipun wonten 20 lan nglambangaké sedaya foném basa Jawa. Urutan aksaraniun inggih punika :

Urutan punika ugi saged dipunwaos dados ukara - ukara :

"Hana caraka" tegesipun "Ana utusan"

"Data sawala" tegesipun "Padha garejegan"

"Padha jayanya" tegesipun "Padha digjayané"

"Maga bathanga" tegesipun "Padha dadi bathang".

Urutan ukara punika dipundamet miturut legčndha menawi aksara Jawa punika dipunasta déning Aji Saka saking Tanah Hindhustan dhateng Tanah Jawa. lajeng Aji Saka ngarang urutan aksara kaya kados punika kangge mčngetosi kalih panakawanipun ingkang setya ngantos pejahipun: Dora lan Sembada. Kalihipun pejah amargi boten saget mbuktekaken dhawuhipun sang ratu. Mila Aji Saka lajeng nyiptakakén aksara Hanacaraka supados saget kangge nyerat layang.

Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka. Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan. Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah rong puluh wiwit saka HA nganti NGA. HA NA CA RA KA Ana caraka (utusan) DA TA SA WA LA Padha suwala (padudon, pancakara) PA DHA JA YA NYA Padha dene digdayane MA GA BA THA NGA Wasana padha dadi bathang Punika mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik punika, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.

2. Sejarah asal usulipun aksara Jawa

Aksara Hanacaraka iku baboné aksara Brahmi sing asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku akčh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara sing wigati iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah siji karaton ing Indhia kidul yaiku Karajan Pallawa. Aksara Pallawa iki digunakaké ing kiwa tengené abad kaping-4 Masčhi. Ing Nusantara patilasan sajarah arupa prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabčh aksara Nusantara, antarané aksara Hanacaraka uga aksara Réncong (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).

Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utawa ahli ngčlmu sajarah aksara misuwur saka Walanda mérang sajarah tuwuhing aksara Hanacaraka ing limang mangsa utama:

Aksara Pallawa

Aksara Kawi Wiwitan

Aksara Kawi Pungkasan

Aksara Majapait

Aksara Pasca-Majapait utawa Hanacaraka

Aksara Pallawa iki digunakaké ing Nusantara saka abad kaping 4 nganti kurang luwih abad kaping 8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad kaping 10 utamané ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kaping 10 nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wétan. Banjur aksara Majapait iku digunakaké ing Jawa Wétan nalika jaman Majapait. Banjur sawisé karajan Majapait binedhah, muncul aksara Hanacaraka modhčrn sing uga kerep diarani aksara Jawa. Aksara ini banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar Sundha, Madura, lan Bali. Kabčh-kabčh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat. Nanging sajatiné ugi ana aksara liyané ing tanah Jawa sing luwih lawas lan isih dienggo. Aksara ini jenengé dadi aksara Buda.

Aksara Hanacaraka banjur déning wong-wong Eropah digawčkaké včrsi aksara céthak ing abad kaping 19.
Aksara Pallawa

Prasasti Yupa

Aksara Pallawa iku asalé saka India sisih kidul. Jenis aksara iki digunakaké ing kiwa-tengené abad kaping 4 lan abad kaping 5. Bukti kapisan panganggonan jenis aksara iki ing Nuswantara ditemokaké ing pulo Kalimantan sisih wétan ing cedhak tlatah sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundha ing prasastiné Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengené taun 450. Ing Tanah Jawa dhéwé aksara iki kagunakaké ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal.

Aksara Pallawa iki bisa dianggep baboning kabčh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara Hanacaraka. Yčn dideleng aksara Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark. Banjur mčh kabčh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serif. Serif-é tinulis ing sisih kiwa.

Senadyan aksara Pallawa wis ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli durung ana sing katulis ing aksara iki.
Aksara Kawi Wiwitan

Prabédan antara aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamané gayané. Aksara Pallawa iku ketara yčn sawijining aksara monumčntal sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan katoné utamané aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulané bentuké dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahé akčh, kurang luwih 1/3 (sapratelon) saka kabčh prasasti sing ditemokaké ing pulo Jawa.

Ing Tanah Jawa, aksara iki paling tuwa ditemokaké ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sangskreta.
Aksara Kawi Pungkasan

Kira-kira sawisé taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katon pangaruhé ing jenising aksara sing kanggo. Mangsa aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara Kawi Pungkasan ora béda akčh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané waé sing dadi rada séjé.

Ing sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wétan sadurungé taun 925 uga wis béda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi katoné prabédan iki ora namung prabédan ing wektu waé nanging uga ing papan.

Ing mangsa iki bisa dibédakaké papat gaya aksara sing béda-béda: 1. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka taun 910 - 950; 2. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka jaman prabu Airlangga (1019 - 1042); 3. Aksara Kawi Jawa Wétanan Kedhiri (kurang luwih 1100 - 1220; 4. Aksara tegak (quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).
Aksara Majapait

Prasasti Singhasari 1351

Ing sajarah Nuswantara mangsa antara taun 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominansi Majapait ing Jawa Wétan. Aksara Majapait iki uga nuduhaké pangaruh saka gaya panulisan ing rontal lan rupané éndhah. Gayané semu kaligrafis. Conto utama gaya panulisan aksara iki bisa paling becik dideleng ing Prasasti Singhasari 1351 sing gambaré ana ing sisih kiwa iki. Gaya panulisan aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhern.
Aksara Pasca-Majapait

Prasasti Ngadoman

Sawisé jaman Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478 (candrasangkalané sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abad kaping 16 utawa awal abad kaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani "jaman peteng". Amerga sawisé iku nganti awal kaping 17 mčh ora ditemokaké bukti panulisan. Ujug-ujug bentuk aksara Jawa dadi bentuké sing modhčrn.

Senadyan mengkono uga ditemokaké prasasti sing wigati amerga dianggep dadi "missing link" antara aksara Hanacaraka saka jaman Jawa Kuna lan aksara Buda sing isih dienggo ing Tanah Jawa, utamané ing sakiwa-tengening Gunung Merapi lan Merbabu nganti abad kaping 18. Prasasti sing diomongaké iki diarani Prasasti Ngadoman sing ditemokaké cedhak Salatiga. Nanging conto aksara Buda sing paling tuwa diduga asalé saka Jawa Kulon lan ditemokaké ing naskah-naskah sing ngamot Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.
Munculé Aksara Hanacaraka Anyar
Sawisé jaman Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa. Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan sing wis nganggo aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem (rontal utawa nipah) mančh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud buku utawa codex ("kodhčks"). Naskah-naskah iki ditemokaké ing tlatah pasisir lor Jawa lan padha digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.Bentuké aksara Hanacaraka Anyar iki wis béda karo aksara sadurungé kayata aksara Majapaitan. Prabédan utama iku anané serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.

Aksara-aksara Hanacaraka awal iki bentuké mčmper kabčh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali. Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Hanacaraka lan pindhah nganggo Pégon lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku. Nanging saka kabčh aksara iku, aksara Bali sing bentuké tetep padha nganti ing abad kaping 20.

C. Dudutan.

Ingkang saged dipunpendhet saking makalah punika inggih punika tiyang jawi kedhah mangertosi asal usulipun aksara jawi ingkang kita ginaaken punika. Sahengga kita saged nurunaken warisan budaya marang anak putu .

KAPUSTAKAAN

http://jv.wikipedia.org/wiki/hanacaraka

No comments:

Post a Comment

Labels